Minggu, 17 Juni 2012

Nagih Janji (dimuat di Jayabaya)



Seret,
dakulu sego karak lalap uyah tanpa cap
Semendhe theple sing gapuk cagake
neng kene, neng dalanan sing ora digragal
daktampa ageman siji sing gambare esem jengandika
esem sing langsung tumancep ing jroning dada

wektu lumaku kaya roda
bulan ndhadari, bulan susut, bulan kantha,
Wis ora kaetung malihing candra
wis bola-bali salining mangsa
Mula, daktulis layangku karo gagange godhong jati
Menawa jengandika wis kalimengan karo janji
kaya gendera sing mbiyen ndikatancepake neng prapatan kae,
sing saiki wis luntur rupane
Sidokepung,13/3/12

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...