Minggu, 17 Juni 2012

Aku, Kowe lan Pantai Klayar (dimuat Jayabaya)


Esuk. Srengenge durung mlethek. Hawa isih atis. Menakake wong-wong ngrapetke kemule maneh. Ning ora kanggo aku. Langkahku iki rasane wis ora iso tak tahan tumuju pantai. Klayar endah banget ing wayah esuk. Aku mlayu-mlayu. Mbaleni dek jamane semana, rolas tahun kepungkur. Nalikane aku lan kowe balapan mlayu. Lan, isih dadi pengeling-elingku, yen aku ora tau menang.
“Pancen jangkahmu luwih dawa saka aku kok,  Lu. Ning titenono wae, suk  aku mesthi iso ngalahne kowe.”
“Hahaha…halaah, ora mungkiiiin…” wangsulanmu.
“Heh, ojo nyepelekne yo. Aku mesti iso ngalahne kowe!” jareku emoh kalah.
“Huh, omong thok! Cah wadon paling ngeyel yo kowe iku.”
“Yen kowe, cah lanang paling nganyelne ati.”
“Tapi ngangeni tho?”
“Ngangeni? Sapa sing kangen karo kowe?”
“Ya kowe lah, sapa maneh coba?”
Aku mesem. Ah, rasane kedadehan iku lagi wae dekwingi sore. Aku lan kowe mlayu-mlayu neng kene. Dolanan ombak, nggawe omah wedhi, utawa nglumpuake kulite kerang. Ya, mbiyen aku lan kowe tansah ngentekne sakdawane sore neng pantai iki.
Kala-kala, ana kanca-kanca liya, ning ora arang mung aku karo kowe wae. Jare wong-wong,  neng endi ana aku ya iku mesti ana kowe. Runtang-runtung bocah loro. Apa sing mboklakoni ya taklakoni. Apa sing takmaem ya mbokmaem. Malah, nalikane TK, aku lan kowe nangis bareng sebab ora isa lingguh jejer. Neng sekolah, neng ngomah, aku lan kowe ora tau pisah. Nganti tekane kedadean sore iku.

Aku lan kowe lagi wae nganggo seragam biru putih. Lan aku mesti wae ora lali, tegese ora bakal nglaleake kedadean kuwi. Nalikane aku, kowe, lan kanca-kanca liyane dolanan delikan ing pantai  iki. Nalikane kabeh wis taktemokne, nanging aku durung iso nemokne kowe. Aku nggoleki kowe nganti candhik ala semburat bebarengan swarane azhan. Ning tetep wae kowe ora ketemu. Aku mulih karo nesu. Nanging tekan ngomah, ibu malah ndukani aku. Aku wis crita apa anane. Nanging  tetep wae aku disalahne.
Lan kowe ngerti, Lu? Sesuke aku diukum ibu, ora oleh dolan rong dina. Ah, ning sakjane,  masio ora diukum ibu, aku ya tetep wae emoh nemoni kowe. Ya, pokoke aku nesu tenenan karo kowe. Sengit! Mangkel rasane atiku, ora nyangka yen kowe tega banget ninggalke aku, dewekan nganti surup. Huh, kanca kaya apa ngono kuwi? Mula, esuke aku emoh ngomong karo kowe. Aku sengaja budal sekolah ndisiki, lan mulih uga mlayu ndisiki. 
Nanging, pasunyatane aku tetep wae kangen dolanan karo kowe. Dadi, nalikane wis rongdina aku diukum ibu, aku pengen njumbulne kowe. Ning, lagi wae aku njangkah, wetengku lan boyokku  lara banget. Rasane mules antarane kudu nyang mburi lan kudu mutah. Sore iku, aku nemoni bulanan kapisanku. Lan, ngendikane ibu, aku wis ora pareng dolanan sembarangan maneh. Apa maneh dolanan karo bocah lanang. Ya, termasuk karo kowe. Aku sedhih, nelangsa banget rasane. Sedina sewengi aku mung nangis. Nangis amarga lara weteng, lan nangis amarga aku wis ora bebas dolan maneh.
“Kowe wis dadi perawan. Dadi wanita sing temenan.”Aku sesenggukan ing pangkone ibu.
“Kowe kudu ngati-ati njaga awakmu,” ngono ngendikane ibu.
“Ora oleh dolanan sembarangan. Apa maneh karo bocah lanang. Ora oleh cedhak-cedhak apa maneh nganti senggolan. Iku ora becik, Laras.”
Lan bengi iku, ibu njur nuturi apa wae sing diparengake lan apa wae sing dilarang.  Wiwit iku, ibu saya teliti nggatekake pakaianku. “Celana iku kecendheken. Ora apik kanggo bocah wadon. Kaosmu kurang longgar, ora kepenak disawang.”
“Ibuuu…kula taksih remen ngangge niki lhooo…” aku protes. Ibu njur ngelus sirahku, lan nuturi tumprap becik apike  wong nganggo sandang.
Nganti sakwijineng dina, kowe  nyegat aku ing gerbang sekolah.
“Laras, kawe isih nesu karo aku tho?”
“Ora!” wangsulku tanpa mandheg.
“Yen ora nesu, mengko dolan nyang pantai  ya?” Kowe mburu aku sing bablas liwat neng sisihmu.
“Emoh. Males!”
“Laras?!” Aku njumbul nalikane kowe nyandak tanganku sing langsung takkipatne.
“Ojo nyekel-nyekel aku!” bengokku.
“Sepurane La. Aku bener-bener njaluk pangapuramu.”
Aku terus mlaku.
“Dadi kowe gelem tho mengko nyang pantai?”
“Males, Lu! Males ki yo males!”
“Sakbare iki awake dhewe wis ora isa dolan bareng maneh. Wiwit sesuk, aku lan keluargaku pindah nyang Surabaya.”
“Mboh arep pindah, mboh arep lunga, dudu urusanku!”
Aku njur mlayu ninggalke kowe. Pindah nyang Surabaya? Pikirku, iku mesthi mung alasanmu wae ngerayu aku ben gelem kokjak nyang pantai. Nanging nyatane, esuke, esuke maneh, esuke maneh lan sakteruse, kowe ora tau teko maneh nyang omahku. Kowe ora tau nyeluki aku ngajak budal sekolah. Tak inceng bangku neng kelasmu, ora ana tasmu. Omahmu sepi. Kowe pindah temenan. Dina-dina sakteruse rasane lakuku pincang. Aku lan kowe ora tau pisah wiwit cilik. Ning ndadak wae kowe lunga. Sing takgetuni, kedaden pepisahan iku,  ora kepenak banget.
 Klayar isih kaya mbiyen, Lu. Nyambut grapyak sumanak marang sapa wae sing mrene. Pasir putih sing alus, suara suling sing asale soko celahing watu sing ketabrak ombak segara. Uga pancuran banyu sing biasane dinggo dolanan awake dhewe. Ya, banyu mancur sing kacipta saka ombak sing ngantem watu-watu karang sing bolong. Ora kalah endah gundukan-gundukan karang sing kaya emas kena soroting srengenge.
Mbiyen aku lan kowe uga seneng lungguh ing suket ijo sing ana tebing ndhuwur kana. Nyawang segara sing amba karo ngapalne tugas sekolah. Ning ora arang uga aku lan kowe ming balapan mbengok-mbengok sapa sing luwih banter. Biasane aku lan kowe njur ngguyu kepingkel-pingkel.
“Kaya wong edan ya, La,” jaremu.
 Ah, lucu banget rikala iku.
Lan wingi sore, nalikane aku lagi wae mudhun saka bis Solo-Pacitan, pak Likmu njumbulke aku.
“Lagi teko, Ras?”
“Eh, nggih pak Lek. Saking tindak pundhi?”
“Iki mau, lagi wae ngeterne. Jalu.”
“Jalu?” deg rasane atiku keprungu jenengmu.
“Iyo, Jalu wingenane mrene. Lagi wae numpak bis ngarepmu maeng.”
Aku ketenggengen. Kowe lagi wae saka kene, Lu? Sakwise rolas tahun ora nate bali? Ana apa kowe mrene Lu? Ngendhangi pak Likmu? Apa sengaja napak tilase awake dhewe ing pantai Klayar kene?  Ah, rasane keluwihen yen aku ngira kowe mrene mung pengen napak tilas. Aku pancen kebangeten nyimpen kenangan wektu cilikane awake dhewe mbiyen.
Sakjujure aku pancen ora iso ngelaleake kowe Lu. Saben ana cah lanang sing nyedaki aku, mesthi wae takbandingne karo kowe. Masio saktemene aku ora ngerti kaya ngapa kowe saiki.
Ana kalane aku angen-angenke kedadean tumprap awake dhewe kaya sing ana film-film utawa kaya sing ana novel-novel. Tumprap kanca cilik, katresnan sing kependem, lan kawujud tanpa disangka-sangka.
Nanging mau bengi ibu ora crita apa-apa yen kowe mrene. Iku artine kowe ora nakokne aku. Ah, ya sajake kowe pancen wis ora eling karo aku Lu.Temenan, pasunyatane, aku lan kowe mung kanca cilik wae. Aku sing kebangeten terus ngeling-eling lan nduwe pangarep-arep sing ora-ora. Aku salah, Lu. Aku salah terus nyimpen jenengmu neng atiku saklawase rolas tahun.
“Laras”
Aku kaget, lamunaku buyar. Bareng aku noleh, ana kamera ngarah nyang aku.
“Lali ya? Dasar cah wadon ngeyel?” urung ilang kagetku, omongan iku tansaya nggawe aku kaget. Iku omonganmu rolas tahun kepungkur.
“Jalu?” aku gemeteran, rasane balungku kaya diuculi. “Kok kowe isa neng kene?”
Aku nyawang kowe karo ketenggengen. Rolas tahun ora kepethuk, kowe pancen wis malih. Kowe wis dudu bocah cilik gering sing rambute murik-murik kaya ra tau sisiran. Malah ana kacamata cemantol ing duwure irungmu sing ora pati mancung ning pantes.
 “Wingi sore aku lagi saka kene, pas tekan Ponorogo eh, flashdiskku ketinggalan. Padahal isine data-data penting. Tapi aku bersyukur, malah akhire pas bali malah ketemu kowe. Jare pak Lik, kowe teko wingi sore. Aku langsung nyang omahmu, trus jare ibumu kowe nyang kene.”
Aku mung meneng, ngrungokne kowe sing langsung ngoceh kanthi lancar.
“Hei, kok kowe meneng wae, La? Masa kowe mbiyen sing ngecipris dadi anteng kaya ngene? Crito po’o!”
“Ehehe…” aku mung ngguyu.
“Kowe isih eling gak, La? Mbiyen awake dhewe delikan ana kene. Wektu iku…”
Sakwetara aku lan kowe njur andum crita. Nganti srengenge sak dhuwure genter.
“Eh wis awan iki, aku mulih sik, mengko digoleki ibu. Kowe mampir omahku gak?”
“La, insya Alloh, tahun iki aku arep nikah.”
Glagep. Pitakonku malah mbok jawab karo pitakon liya sing ora taksangka-sangka. Aku mung iso ngulu idu. Nikah?
“Eh, selamat ya…” sakisane aku ngguyu karo ngucapne iku. “Aku mulih dhisik.”
Ah, Jalu. Nyata mung kaya ngene pungkasane critane aku lan kowe. Bener-bener mung kanca cilik sing kepethuk maneh nalika gedhe. Ora ana laku sing luwih. Saumpama iki crita sing taktulis dhewe, aku wis mencet ctrl, karo mencet huruf A, njur mencet delete. Seumpama iki ngimpi aku pengen lekas tangi, lan nglaleake kabeh sing ana hubungane karo kowe. Nanging  emane, iki kabeh nyata.
“Ning aku pengen nikah karo kowe, La.”
Aku sing wis mlaku sepuluh meter mandeg jegreg keprungu bengokmu. Saiki aku bener-bener bingung antarane nyata apa ngimpi.
Sidokepung, 10312

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...