Minggu, 17 Juni 2012

Omahe Tata (Dimuat di Jayabaya)



            “Hei, lagi ngapa?” takonku karo nyedaki bocah sing ndingkluk ing pinggire tumpukan sampah pasaw. Wis sakwetara aku ngempet rasa penasaranku. Deweke ndengak, njur mesem. Aku mbales eseme.
            “Ngluroni isi,” wangsule karo njumput lombok bosok.
            “Isi? Mmm, iku lak sayuran bosok tho?” Aku ndodok ning ngaprepe.
“Iki sakjane urung bosok, mmm maksudku isine urung bosok. Pancene wis ora iso dimasak. Nanging isih iso tuwuh yen ditandur,” ujare karo mencet lombok bosok ing tangane, “Iyo tho, isine isih apik.” Dheweke mesem. 
            “Wah, iku arep ditandur? Sampeyan nduwe kebun?”
            “Ora nduwe.”
            “Ora? Lha koktandur neng ngendi?”
            “Ing plastik-plastik , gelas-gelas lan botol telase omben-omben. Ya pokoke neng ngendi wae sing penting isa ditanduri,” deweke mangsuli karo ngetak tangane sing reget.
            “Eh, jenengku Tata,” ujare karo mesem.
“Eh iya, nganti lali kenalan. Aku Linsi”
“Mmm… iki aku wis rampung, Lin. Aku bali sik, ya? Yen sampeyan gelem, dolana neng ngomahku, yen arep ngerti tanduranku.”
            “Tenane, Ta? Omahmu neng ngendi?”
            “Ora adoh kok, iku sebrange kali,”  Tata nduding kali sing ana ing sebrange dalan. “Wah… aku pengen ngerti tanduranmu, Ta. Yen ngana aku takmatur ibu sik, ya?”
            Aku njur mlayu mlebu toko, nemoni ibuku, matur yen arep dolan. Ibu nyawang Tata njur manthuk. “Dheweke bocah sing blater. Asring blanja neng tokone awake dhewe. Ya wis, kowe oleh dolan. Ngati-ati ya?!” pesene ibuku.
            Aku lan Tata njur numpak sepeda. Nglewati kreteg, nglewati omah-omah ing pinggire kali, njur mlebu gang.

            Tata mandeg ning ngarep omah cilik dicat ijo sing akeh tandurane. Aku uga ngerem sepedaku njur niru Tata, marker ing ngisore wit pelem sing gedhe. Akeh kembang angrek sing tumempel wit pelem. Ing ngarep pager dijejer macem-macem tanduran.
            “Waaah, omahmu asri banget, Ta. Iki kembang apa, kok apik temen?” aku nyekel kembang sing godhonge ombo lan tumpuk-tumpuk.
            “Ow, iku kobis. Sing biasane dingo campuran sayur sop. Yen iki lombok-lombok lan tomate,” wangsule Tata.
Aku ngetutne Tata tumuju  gelas-gelas lan botol-botol bekas sing isi winih-winih tanduran  lagi thukul.
            “Iku sing wis awoh. Mengko takpekne dicaosne ibumu dinggo masak, ya?”
            “Lha sing neng drem, kae apa? Banyu nggo nyiram tanduran?” aku nduding nyang pojok latar.
            “Iku lele. Bapakku ngingu lele. Ora akeh sih, ning ya cukup dingo lawuh.”
 Aku nyedaki drem, nonton lele-lelene. Ngadeg sawetara ing pojok latar, aku nyawang sak kiwa-tengen.
            “Omahmu penak. Akeh tandurane, sayuran ana, iwak uga ana. Hemm…enak wis ya, gak usah blanja neng pasar… hehehe…”
            “Iya, ngendikane  bapakku, sak isane pekarangan dimanfaatake nggo nandur-nandur. Sakliyane nambah ijo lan asri, uga isa ngirit blanja. Winih-winih lombok lan tomat iku yen wis tuwuh lan akeh biasane dititipke neng nggone bakul tanduran. Kadang yo digawa neng pasar Kembang didol. Akeh wong padha golek arep ditandur.”
            “Hebat banget keluargamu, Ta! Oya, bapak lan ibumu endhi, kok sepi?”
            “Kerja neng pabrik. Budal esok, manthuk sore. Eh iki nggo sampeyan, caosna ibumu ya?” Tata ngulungake plastik isi lombok lan tomat.
            “Hah! kok akeh banget? maturnuwun  yaaa. Asik tenan, isa maem saka asil tanduran dhewe,” jareku karo nyawang lombok lan tomat abang neng njero plastik.
            Aku njur selonjor neng teras. Awan sing hawane panas, tetep krasa esis ing omahe Tata. Bedha banget karo neng ngomahku. Ora ana hawa adem sakliyane neng kamar karo ngurepne AC. Kabeh latarku wis dipaving lan ora ana tandurane. Ngendikane ibuku ben ora reget, ngirit tenaga ben ora asring nyapu.
Ning, ngebeki latar karo tanduran, nyatane luwih ngirit. Ngirit blanja, ngirit bayar listrik. Kaya Tata, cukup mbuka jendelo kamar wis esis ora usah AC-an. Hmm…coba kabeh-kabeh omah ing kuta kaya omahe keluargane Tata iki. Mesthi hawane seger, nyawang ya adem.
            “Kok nglamun, Lin? Ayo dimaem, iki rujak gaweanku.”
Aku njumbul. Tata wis lungguh neng sisihku karo nggowo saklemper rujak pelem.
“Aku pengen blajar karo sampeyan, Ta…” jareku karo nyendok rujak.
“Blajar apa?”
“Blajar nandur-nandur.”
“Beres!” wangsule Tata karo ngacungne jempole. Aku mesem, sakrenteng rencana pating sliwer neng sirahku.

1 komentar:

  1. dadi pengen tiru tata.eh..mbak brina...^_^.sinau tandur.aku durung duwe wit lombok ro tomat je.gawe winih ah....

    BalasHapus

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...