Minggu, 22 Juli 2012

SISA TRESNA [dimuat di Jayabaya]




Daklirik jam sing ana lengenku. Lima menit maneh, pikirku.
            “Hai, San…”
            Aku lagi wae arep njipuk hp saka tasku, nalikane suara saka wong sing nganggo kaca mata iku nyedaki aku.
            “Wis suwe nunggune?” pitakone karo nyeglokne awake ing sofa sisih tengenku. “Mmm…aku gak telat kan? Sepurane, banku bocor,” sambunge maneh sadurunge aku sempat nyauri pitakone.
            “Tibae kowe sik kaya mbiyen ya? Imut. Takpikir photo profile facebookmu iku foto jaman SMAmu.”
Duh Gusti Allah, kenapa dheweke wis ngoceh kaya mengkono. Pangucape kaya sepur sing ora isa dakpenggal. Sakpengeling-elingku, dheweke mbiyen meneng. Ora pernah nyapa aku, apa maneh ngomong dhawa. Mbiyen uga dheweke…
            “Hei, kok kowe meneng wae to? kowe sariawan?” Dheweke nyawang aku karo ngguyu, ngetokne untune sing ora pati rata nanging patut.
            “Mmm…piye aku arep omong, pacak teko sampeyan ngoceh terus,” waduh, aku dhewe uga ora percaya kenapa sing metu saka lambeku tembu kaya mengkono. Aku mesem nutupi grogi.
“Haha…iya ya? Kok aku langsung nyerocos  wae ya?”
“Hmm… kowe wis malih…”
            “Maksudmu…aku kethok tua ngono ta?”

Jagonganku karo dheweke mandeg nalikane pelayan kafe nyedak.
            “Kaya dheweke wae, Mbak,” jarena nganggo bahasa Indonesia, karo nduding kopi sing ana cangkir ngarepku. “Ya pancen aku tuwek ya, sediluk maneh lak aku umur telung puluh tahun,” dheweke nyambung omongan sakdurunge. Aku lan dheweke njur padha meneng.
            “Aku nyuwun pangapura ya?!”  pangucape maneh karo swara sing bedha.
            “Nyuwun pangapura?”
            “Ya, surat mbiyen iku…”
            Pat belas tahun kepungkur, dhudu wektu sing sedela. Nanging sajujure aku ora bakal isa ngelaleake kedaden iku. Nalikane iku aku isih SMP, aku nampa surat cinta kepisanku, surat cinta impenku sing pasunyatane among isi tulisan sing ngelokne aku lan ancamen supaya aku ora nyedhai dheweke.
Nyedhai? Sak elingku, ora nate aku ngethek nyedhak-nyedhaki bocah lanang. Apa maneh nganti  nyedhak lan nyapa bocah lanang sing gawe gemetering atiku? Among nyawang eseme saka kadhohan wae rasane jantungku mlarat neng dengkul. Njur, tanpa daksangka, ana layang sing isine ngiris atiku, saka dheweke!
            “Sumpah iku dhudu aku, San. Aku pance  bodho wektu iku, ora omong sing saktemene marang kowe. Aku iso ngerteni kok, menawa kowe ora mbalesi suratku sing isine aku njaluk pangapura.”
            Ya, aku isih tansah kelingan, patang tahun sawise kedhadean iku, nalikane aku seneng-senenge ngrasakne amarga aku lulus SMA lan  repot nyiapake ubarampene mlebu neng lingkungan kampus, aku nampa layang maneh. Saka wong sing padha, dititipake adhiku. Layang paling dhawa sing nate daktampa. Patang halaman folio, sing isine intine minta maaf, nyuwun pangapura.
            Menawa, saumpama dheweke ngirim layang iku, telung tahun sadurunge, bakal seje critane. Aku mesthi nampa karo penggalih sing bedha. Mesthi dakbales karo kertas layang sing ambune wangi. Utawa aku nulis sewengi dheg among supaya bisa nemoake ukara sing pas. Emane dheweke ora katepaan wektu sing pas ngirim layang iku. Apa malah aku sing ora pas nalika macane? Ah, aku ora ngerti.
            Pirang-pirang tahun sakbanjure, nalikane aku wis lungguh ing bangku kuliah. Aku lagi eling menawa jenenga dheweke durung lunga saka atike.  Dheweke among ndhelik ing pojokane ati. Lan sing luwih nemen, nganti pirang-pirang tahun, jeneng iku ora iso daktundung minggat saka atiku. Aku tansah mbandingake saben  pria sing nyedhaki aku karo dheweke.
            “Aku nggoleki kowe saklawase iki, San. Nanging kowe kaya ilang diulu bumi. Aku ngarep-arep banget  nalikane reuni SMP mbiyen kowe bakal teko. Reuni sing takenteni awan bengi, among supayaa aku isa ketemu kowe. Nanging nyatane, kowe ora teko. Kowe ngerti apa ora? Wektu iku aku kerja neng Batam, lan aku sengaja mulih ngepasne reuni iku. Amung ben aku iso ketemu kowe! Nyatane…kowe ora ana…”
Ya, kedadean iku uga isih anget ing pangeling-elingku. Aku  ya tansah mbunderi tanggalan karo spidol biru, ngetung mundhur, dina reuni. Nanging njur kepiye maneh, wektu iku Gusti Allah durung marengake aku ketemu dheweke. Aku malah ngamar neng rumah sakit, diinfus pirang-pirang dina amarga demam berdarah.
“Lan siji-sijine nomor hp sing aku entuk saka kancamu, jebule ora isa takhubungi…Aku ya  ora njaluk nomere kancamu iku…”
Aku ngerti kenapa mengkono, Tari salah menehi nomorku sing lawas. Lan sing nemen maneh, Tari ora njaluk nomere nalikane iku. “Lan kowe ngerti ora, San?”
Aku ngudek kopiku sing ana cangkir, krasa yen dheweke nyawang aku.
“Aku mumbul-mumbul kaya wong edan seminggu wingi. Nalikane aku mbukak internet lan ora sengaja nemu blog sing tibae iku dhuwekmu. Aku ora percaya yen awake dhewe jebule manggon sak kutha. Ora salah aku pindah saka Batam nyang Samarinda kene…
“Ya…” aku ngangkat cangkirku lan nyecep isine sethitik.
“Ya?!” dheweke nyawang aku, “Maksudmu…?”
“Ya… aku uga ora ngira….”
“Aku uga ora ngira yen kowe sing mungil ngene iki tibake wani cedhak karo kewan-kewan. Ya ampun, Santi, adoh-adoh saka Madiun nyang Samarinda kowe among ngurusi orangutan? Kowe ngerti apa ora?”
“Apa?”
“Kowe ki jempolan!”
            “Haha…biasa wae, Han…”
            “Dadi kowe menehi sepura karo aku apa ora, San?”
            Aku ngunjal ambegan dhawa, njur mesem.
            “Yaah, pancen angel ngelaleake kedadean sing nggawe larane atiku iku, Han. Rikala iku isih bocah-bocah banget ta? Kelas 2 SMP, diancem lan dilok-lokne kaya mengkono. Aku dituduh nggolek perhatian, aku dituduh cewek murahan lan sateruse. Lara banget atiku Han. Ning aku maklum, iku lak mbiyen, padha-padha isih bocah kan? Lan…iku dhudu sampeyan sing nulis…”
            “Aku nyuwun pangapuramu sing akeh, San...”
            “Ora ana sing perlu dingapura, Han.”
            “Dadi, kowe ngapura aku?”
            “Aku wis ngomong ta, ara ana sing perlu dingapura. Lalekno wae.”
            “Maturnuwun ya San. Eh  aku…””
            “Sik, ya? Aku nampa telpon  sik…”
Aku medhot omongane nalikane hpku muni.
            Aku mencet gambar telpon ijo, “Sik ya mengko taktelphon maneh wae…” mung iku sing dakucapne, njur nglebokne hp nyang njero tas.
            “Maaf ya?”
“Ora apa-apa. Yen penting telfon wae dhisik, San.”
“Ora kok, aku isa telfon maneh mengko. Eh, tekan ngendhi mau?”
“Aku.” Dheweke meneng sedela, nyeruput kopine. “Emm…maksudku eh takpikir iki wektu sing pas aku lan kowe ketemu, San…”
Aku, sapisan maneh, ngunjal ambegan dhawa.
“Aku arep ngajak kowe nikah.”
“Apa?!!” Aku rasane kaya diuncalne nyang pat belas taun kepungkur. Nalikane kakak kelas SMPku nyapa aku karo mesem. Jantungku rasane mlorot nyang dengkul lan ceglok nyang sikel njur bali maneh nyang dengkul, munggah mudun kaya yoyo. Balung-balungku rasane kaya dipretheli. Sikilku gemeteran. Untung aku pas lungguh, menawa iki mau aku posisi ngadheg mungkin aku wis ambruk ngisin-isine ana ing ngarepe.
“Wektu aku nemu facebookmu, sing kapisan takdelok yaiku statusmu. Plong rasaning atiku, lega banget nalikane tulisane kowe durung nikah. Dadi aku emoh kelangan kesempatan maneh, Aku ngerti, kowe mbiyen uga ndhuwe rasa sing padha karo aku. Among aku sing ora satrio, ora wani jujur karo kowe. Nanging sajatine, saklawase iki, ora eneng wong liya sing ngisi atiku kajaba kowe, San. Aku wegah tumindak bodho maneh. Lan iku siji-sijine alasanku nemoni kowe wektu iki…”
Aku rasane ora tentrem maneh ing panggonan lungguhku. Sapa sing percaya karo cinta pertama? Sing jarene wong-wong cinta monyet. Ana kalane ora disangka-sangka  wong ngalami tumprap kedaden sing angel dimangerteni.
Mbiyen, nalikane wong isih ngarani rasa iku cinta monyet, aku tansah ngenteni dheweke liwat ngarep kelasku, nglirik karo mesem sethitik. Amargane bocah-bocah padha nyuraki. Aku mboh piye kok isa mengkono nanging isa ngrasakne yen dheweke uga nduwe rasa sing padha. Aku lan dheweke amung kaping pindho ketemu. Iku ya ora sengaja ing kantin sekolah. Aku ora bakal nglaleake nalikane dheweke nyeluk jenengku, “San,” rasane, wetengku kaya diublek, lan sing maune luwe dadi wareg. Aku ora sidha jajan, tenagaku lan napsu manganku dadi ilang. Sing ana mung gemeteran nganti aku ketenggengen lungguh ing njero kelas.
Ananging, ya mung iku dheweke nyapa aku. Sapa sing ora pernah dakjawab. Sakluwihe iku, dheweke mung mesem saka kadhohan. Nganti dheweke lulus dhisik, mung tekan semono critane. Ora ana sing luwih.
Aku nate keprungu amangane kancaku mbiyen. Jarene ana kalane impen lan pengarep-arep iku bakal kedhadean nalikane  awake dhewe wis ora mikirne maneh, wis ora ngotot. Lan saiki, Han sing gedhe dhuwur, irung mancung, alis ketel lan sethitik jambang, lungguh ana ngarepku. Ora ngucap “Apa gelem kowe dadi pacarku,” kaya pengarep-arepku mbiyen, nanging ngucapne sing luweh saka sing dakkarepne.
“Kowe gelem apa ora San, nikah karo aku?” Han mbaleni pitakone. Aku ngulu idu, bebarengan karo rasa sing campur aduk ana ing jroning atiku. Wetengku kaya diuleni. Kepiye ora? Tanpa ngimpi tanpa ngarep arep, aku ketemu wong sing pirang-pirang tahun tak tresnani, ana ngarepku lan nglamar aku! Apa salah yen aku bungah?
“San?”
Duh Gusti Allah, kawula lajeng badhe kados pundhi?”
“Han…” aku ngulu idu, njur ngunjal ambegan dhawa. “aku…matur nuwun, kanggo tresnane sampeyan… Nanging aku nyuwun pangapura…aku ora isa nampa sampeyan…” Sakkuate tenaga aku ngetokne tembung sing rasane cumanthol ana guluku.
“Dadi…”
“Sepurane Han, minggu ngarep aku nikah…Maturnuwun ya sakabehe…Aku pamit dhisik…” aku wis ora ngerti maneh, bener apa salah sing daklakoni iki. Bener apa salah keputusanku iki. Aku metu saka kafe, nyegat taksi lan bali menyang kosanku. Njur nglelepne raiku ana bantal.
Saumpamane dheweke teka wingi-wingi, mungkin critane bakal liya. Saumpama dheweke tekane wingi-wingi, aku ora bakal nampa priya liya. Saumpama…saumpama aku ora nyaguhi ketemuan sore iki.
Nanging kepiye maneh, kaya mengkene Gusti Alloh nggarisake. Aku ketemu dheweke nalikane aku wis nduwe sesaguhan. Ora mungkin rasane aku sungkem marang bapak ibu nyuwun kabeh dibatalake.
Bantalku teles kena luhku. Aku tangi nalikane hpku muni. Dhudu saka Han, tapi sms saka adhiku ngakon cepet-cepet mulih, penging cuti mepet-mepet hari H.
***
Udan eluh tumetesing wayah wengi
Krasa trenyuh rasane atiku iki
Iki tenan apa ya mung ana mimpi
Ra taksangka sliramu kok kersa bali
Mung tekamu kok yo ora wingi-wingi
Aku bungah ning kudu kepiye iki
Aku nggeget lambe, kok ya ndilalah tukang son nyetel lagu iku. Lagu Didi Kempot sing asring disetel sopir bis Surabaya-Madiun. Mbiyen aku mikir, duh trenyuh banget ngrasakne lagu iku, njur saiki aku malah ngalami dhewe. Rasane atiku ora isa dakbasakne.
“Mbak, Mbak…sampeyan nangis ta?” swarane adhiku njumbulke aku.
“Eh, ora kok…iki lho keculek pensil celak…” jawabku karo ngaca, nempelke saput ing pipiku.
“Oalah Mbak, takkiro kenapa…ayo ndang metu, besane wis  teko…”
Aku ngunjal ambegan dhawa. Duh Gusti Allah, kula namung nyuwun ingkang paling sae saking Panjenengan.
Sidokepung  17512

5 komentar:

  1. Balasan
    1. Makasih Mbak :)
      Masih banyak salah-salah tapi. :)

      Hapus
  2. Eling jaman biyen, lagganan Jayabaya karo Panyebar Semangat.
    Naliko SMP malah sewo buku novel boso Jowo karangan Any Asmara, Harjono HP, Supartobroto, dll.
    Novel sing bagus judule "Kumandanging Katresnan"

    Mantep nduk. Saloam hangat dari Surabaya

    BalasHapus
    Balasan
    1. Sakniki tesih langganan nopo mboten? :)
      Maturnuwun nggih Pak De :)

      Hapus
  3. Saya ngerti garis besarnya, tapi susah mau ngomong dan nulisnya hehe...

    BalasHapus

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...