Selasa, 11 Januari 2011

Dolanan Karo Adhik

dimuat di majalah jayabaya november 2010
Shabrina ws.
Akhir-akhir iki Nana rumangsa nggerundel karo Didin adike. Piye ora? Didin mesthi ngganggu yen Nana dolanan. Yen Nana dolanan ning jero kamar, Didin melu, lan njipuk dolanan-dolanane Nana. Yen lawange di tutup Didin mesthi nangis. Lan ibu ndukani Nana sebab wis gawe Didin nangis.
“Na, karo adhike mbok ya ngalah,” ngendikane ibu.
“Didin kuwi sing mesti gawe masalah, bu. Wingi Didin njabuti rambut bonekahku. Dheweke uga ngerusak dolanan masak-masakku.”
“Didin isik cilik, Na. Didin urung ngerti…” ngendikane ibu.
“Pokoke aku sebel karo Didin!”
***
Sak wijineng dina pas Nana karo Bella lagi dolanan masak-masakan…
“Didin, aja nyedhak!” Nana mbengok.
“Melu..melu…meluu…” jare Didin karo nyedhak.
“Didin, aja dicekeli dolananku. Aku lagi dolanan masak-masakan. mengko bisa rusak!” Nana isih mbengok. Nanging Didin tetap wae njipuki dolanane Nana.
“Didin, balekna, ayo balekna!” Nana ngrebut dolanan ing tangane Didin.
“Kowe dolanan enek jero omah wae kono!” Jare Nana karo nuntun Didin melebu omah njur nutup lawang.
“Hehh…meh, wis, meh…rusak dolanane awake dhewe iki,” Nana ngomel dhewe.
“Iya. Ayo awake dewe dolanan meneh yok. Iki mau jare arepe gawe kue sing akeh ya? Mengko yen wis dadi ayo didol,“ kandhane Bella.
“dolanan…melu…melu…”mara-mara Didin nyedak maneh.
“Didin? aja mrene...aja nyedak, Din. Kowe dolanan wae enek omah!” Jare Nana karo merengut.
“meluu…meluu…meluuu…” Didin njipuki kue-kue dolanane Nana sing digawe saka malam.
“Didin, ihh…” Nana njiwit tangane Didin.
“Huaaaa…” Didin nangis banter njur melebu nyang jero omah.
“Hhh…gawe masalah wae.” Nana ngomel-ngomel.
“Ayo dolanan maneh.” jare Bella.
“mbak Nana…adike dijak dolanan ta, mbak…” ngendikane ibu karo nggandheng Didin.
“Yah, ibuuu... Tapi iki dolanane kanggo cewek. Didin mesthi senengane ngerusak. Didin iku tukang gawe masalah. Marai aku sebel ae.” jare Nana karo merengut.
“Sayang, Didin kan isih cilik. Didin durung ngerti. Didi uga pengin dolanan bareng karo mbak-mbake. Yen Didin arep melu dolanan ya aja dijiwit ta.” Ngendikane ibu sabar.
“Tapine Didin iku mesthi ngerusak dolananku lho, Bu?”
“Dicoba wae, Didin diajak dolanan bareng. Dheweke silihana dolanan. Ajaken dolanan dheweke dadi adhike, utawa ethok-ethok dadi anake. Dudohana aturan dolanane. Endi sing oleh dicekel, endi sing ora oleh dicekel. Suwe-suwe mesthi Didin bakale ngerti.” Ibu nuturi Nana kanthi sabar.
“Nah,Didin, dolanan sing apik ya. Mbak Nana lan mbak Bella saiki dolanan masak kue. Didin ya bisa dolanan malam, lan mbentuk sing pas karo sing dikarepne Didin. Ibu arep masak disik. Mengko yen ibu wis rampung masak ibu kancani dolanane ya?” Ngendikane ibu. Didin manthuk. Ibu banjur melebu omah.
“Didin. Aku karo mbak Bella saiki lagi gawe kue. Iki takwenehi malam, kowe bisa mbentuk malam iki kaya sing kok karepne.Nanging kowe ora oleh ngerusak kue-kue sing wis dadi, ya?” Jare Nana. Didin manthuk-manthuk. Nana lan Bella banjur nerusake. dolanane.
“Wah…wis dadi. Saiki ayo didol, yook….”ajak Bella.
“Bella kowe sing adol aku sing tuku yo. Aku dadi ibu-ibu sing ngajak anake tuku kue-kue iku,” Jare Nana karo nggandeng Didin.
“Ya, aku dadi sing adol yaa...”
“Didin, ayo nyang pasar tumbas kue yook!”
“kue…kue…” kandhane Didin karo nduding kue.
“Iyo, iki arep tumbas kue, Din…”
“He…he…Didin persis kaya bocah-bocah sing diajak nyang pasar ibuke, ya?” Jare Bella.
Kabeh seneng dolanan pasar-pasaran. Bareng wis bosan njur dolanan dokter-dokteran. Didin dadi pasiennya. Nana, Bella lan Didin uga dolanan sekolah-sekolahan. Didin katon seneng diajak dolanan nyang mbak-mbake..
“Dino iki dolanane awake dewe nyenengake.” Jare Bella
“Didin…yen kowe ngene terus, dolanan bareng bakal asyik.” Jare Nana.
“Yen jareku, Didin pancen adik sing nyenengake. Didin dolanan bareng, nanging Didin ora ngerusak dolanane awake dewe, tho?” ujare Bella.
“Iya, bener. Tibake Didin gelem ngerti ya yen dikandani apik-apik…?”Ujare Nana.
Lan wiwit dina iku. Nana ora perlu kawatir maneh yen dolanane diganggu karo Didin. Sebab, Didin wis isa dijak dolanan bareng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...